Dollar Gratis


Friday, September 22, 2006

ngimpi

Bengi iki ora koyo padatan sabendino, aku rumongso enteng miwiti nyambut gawe. Anduk adus amoh tak saut mlebu padusan koyo nyaut anduk sutro kang alus lan lembut. Gentong kang kebak banyu butheg warna endut katon koyo bathtube kebak banyu sabun kang biasa kanggo mandi rendam. Ambu pesing jublangan tak rasakane koyo airfrees aroma melati. Suoro jangkrik lan manuk dares tansah sinambungan persis koyo alunaning music jazz kang di mainake dening bob dellon tansah ngancani angonku adus siap-siap arep mangkat kerjo wengi iki.
Enggal-enggal aku nyiapake samubarang kangge sangu, klambi sragam pundutane pak Lurah limolas tahun kepungkur tak sawang koyone isih resik putih koyo seragame pak Mantri nang rumah sakit kae, tak pas-pasake ing awakke kang saksuwene limolas tahun ugo ora ono mundak lemu. Sego thiwul lan sambel trasi disiapake bojoku nang mangkok seng lan rong iji iwak asin goreng tak wadahi besek persis koyo tumpukane humberger. Ora lali ugo disiapake banyu towo ing kendi karo mbayangke menowo iki air mineral kemasan teko supermarket.
Cepet-cepet tak enggo sepatu karet.. welah.... jebul wengi iki koyo sepatu kulit merk klark kang di enggo pak Camat ing kecamatan kae.
Sakwise pamit bojo, tak cengklak sepedah ontel hadiahe pak Camat sepuluh tahun kepungkur minongko petugas teladan. Masya Alloh..... ono opo wengi iki???? sepedah tak tunggangi koyo nunggangi sepeda motor merek Harly Davidson wae... wuss.. wussssss...... sansoyo suwi sansoyo banter.. beh... jian penak banget.
Kanthi sledat sledot aku ngebut buuuuuuuuuttttt

Brakk.k.k.......... bebarengan karo krungu suara adzan. Aku ketekelan nggoleki setir sepedah jebul kok sikil mejo sing tak cekel..
Astaghfirulloh..... kanthi deg-degan lan ati tratapan jebule aku wis ndlosor nang isor mejo... Batukku mrempul katone ketatap botho ganjel mejo...
Subhanalloh... aku keturon nang dingklik pawon, Alhamdulillah..... kelingan menowo iki mau sakwise mulih teko dines bengi kesel banget, ora dadak cepot klambi lan sepatu aku langsung leyeh-leyeh nang dingklik dowo.
Alhamdulillah wae... matur suwun Gustiiiiii....... kulo kaparingan jeblok saking dingklik,, sahinggo mboten ngantos bablas malih anggenkulo sholat Luhur siang meniko.

1 Komentar:

Anonymous Anonymous mengatakan...

oalah toh bang....yen ngimpi mbok golek sing enak2 , mosok ning kolong seh...untung gak bersambung bang mimpine

3:31 PM  

Post a Comment

<< Home