Dollar Gratis


Tuesday, November 21, 2006

ngenteni wektu teko

ngadepke jam 10 bengi iki
taksiapke kabeh sangu kanggo kerjo wengi iki
banyu towo lan roti garing wis ,mlebu nang tas cangklong
siki karo ngenteni becak sing gowo aku nang kandang
dolanan kompor rusak sing tansah ngancani aku ing wektu sepi

wuihhhh koyo2 rasane abot nanging iki wis wajib
wajib ngayahi tugas saperlu njogo onta juragan
sejatining ora perlu dijogo,,,
ananging
onta ne kabeh podho gudigen lan guoblok2
sahinggo aku perlu ngedusi lan jogo supoyo ora nggilani
lan ugo ngajari kepriye nglakoni urip kang sabenere

ahh.. kelponku wis muni tit tit tit...
tukang becakku cangakruk wis nunggu
yoooowis sakmene disik dolanan iki..
mugo sesuk iso nyambung maning

Kanti nyebut Asmaning Gusti
Niat ingsung makaryo nemahi wajib
mugio Alloh paring rejeki kang cukup
cukup kanggo anak bojo
cukup kanggo urip
cukup kanggo nutukke kurungan manuk
lan cukup kangge sangu nang Sorga ing tembe mburi.

بـــسم اللـّه الرحمن الرحــيم niat ingsung mangkat nyambut gawe

0 Komentar:

Post a Comment

<< Home