Dollar Gratis


Wednesday, November 22, 2006

wulan selo

Deleg deleg wengi iki ing kandang karo ngawasi onta siji loro kang sliweran nggoleki pakan. Aku kepikiran menowo sedelo maneh wus ngancik ing wulan Dul Qaidah utowo ing jowo karan wulan selo.
menowo ora kleru..... selo iku iso ka'arteake gang-gangan jeda antaraning babagan loro.
Menurut pamikiranku wektu iki,,, menowo bener kajlentrehake,,,,,,, wulan kang minongko kaparingake dening Gusti Alloh kanggo kita supoyo mawas diri utowo noleh gotok'e dewe. Yoiku sakwise kita nglakoni sawalan kanti nyuwun sepuro marang sapodho podho menowo duwe luput.. Mulo ing wulan selo iki kita mulai miwiti urip kanti niatan ora arep gawe cidro lan gelo tumprap liyan, lan ora kurang kita kudu tansah urip kanti nyedak marang Gusti Alloh klawan أذكرالـلّه ing pangajap mugio Gusti Alloh kerso paring nikmat kang luwih ing wulan selo.
Ugo wulan selo ora keno diarteake menowo ing wulan selo kita iso bebas lan longgar ing babagan ibadah ananging suwalike,,,,, kita kudu tansah luwih sregep lan ningkatake anggon kita nglakoni amal sholeh....

aaahhhhh koyo' yo yo ooo wae ....

"........opo yo slirane duwe niatan iku???? yo mugo2 wae Alloh paring kekuatan Iman lan Islam sahinggo kita iso ningkatake amal ibadah kangge sangu ing tembe mburi.. Amiiinnn...."

1 Komentar:

Anonymous Anonymous mengatakan...

..ing tembe mburi...weseh po bang...hihihihi, sepuranipun nggih

4:15 PM  

Post a Comment

<< Home