Dollar Gratis


Friday, September 22, 2006

ngimpi

Bengi iki ora koyo padatan sabendino, aku rumongso enteng miwiti nyambut gawe. Anduk adus amoh tak saut mlebu padusan koyo nyaut anduk sutro kang alus lan lembut. Gentong kang kebak banyu butheg warna endut katon koyo bathtube kebak banyu sabun kang biasa kanggo mandi rendam. Ambu pesing jublangan tak rasakane koyo airfrees aroma melati. Suoro jangkrik lan manuk dares tansah sinambungan persis koyo alunaning music jazz kang di mainake dening bob dellon tansah ngancani angonku adus siap-siap arep mangkat kerjo wengi iki.
Enggal-enggal aku nyiapake samubarang kangge sangu, klambi sragam pundutane pak Lurah limolas tahun kepungkur tak sawang koyone isih resik putih koyo seragame pak Mantri nang rumah sakit kae, tak pas-pasake ing awakke kang saksuwene limolas tahun ugo ora ono mundak lemu. Sego thiwul lan sambel trasi disiapake bojoku nang mangkok seng lan rong iji iwak asin goreng tak wadahi besek persis koyo tumpukane humberger. Ora lali ugo disiapake banyu towo ing kendi karo mbayangke menowo iki air mineral kemasan teko supermarket.
Cepet-cepet tak enggo sepatu karet.. welah.... jebul wengi iki koyo sepatu kulit merk klark kang di enggo pak Camat ing kecamatan kae.
Sakwise pamit bojo, tak cengklak sepedah ontel hadiahe pak Camat sepuluh tahun kepungkur minongko petugas teladan. Masya Alloh..... ono opo wengi iki???? sepedah tak tunggangi koyo nunggangi sepeda motor merek Harly Davidson wae... wuss.. wussssss...... sansoyo suwi sansoyo banter.. beh... jian penak banget.
Kanthi sledat sledot aku ngebut buuuuuuuuuttttt

Brakk.k.k.......... bebarengan karo krungu suara adzan. Aku ketekelan nggoleki setir sepedah jebul kok sikil mejo sing tak cekel..
Astaghfirulloh..... kanthi deg-degan lan ati tratapan jebule aku wis ndlosor nang isor mejo... Batukku mrempul katone ketatap botho ganjel mejo...
Subhanalloh... aku keturon nang dingklik pawon, Alhamdulillah..... kelingan menowo iki mau sakwise mulih teko dines bengi kesel banget, ora dadak cepot klambi lan sepatu aku langsung leyeh-leyeh nang dingklik dowo.
Alhamdulillah wae... matur suwun Gustiiiiii....... kulo kaparingan jeblok saking dingklik,, sahinggo mboten ngantos bablas malih anggenkulo sholat Luhur siang meniko.

Saturday, September 16, 2006

sepurane

duh .... adikke kangmas..
sepurane sing akeh... opo kang wus tak ucapake marang sampeyan
ora ngiro ora nyono jebul iku iso ndadekake sliramu cidro..
ing satemene iku amung kegojekan kang ora ono maknane

ora dik... ora ...
ojo dadi ati yo dik..
iku amung kembange urip kekancan
ora perlu di dowo dowo ulo
kang akhire ora bakal ono entek kawusanane

kuwatno dik.... opo kang dadi impenane sampeyan.
tujunen samudra ombo kanti kapal ati kang padang ing dodo
ojo duwe sumelang ing pikiran.
tekatono opo sing wus sampeyan karepake.

ojo mayang mentoleh
madeg mantepo ing jogroking balung kang ono
elingo yo dik...
elingo menowo Gusti bakal paring dalan
Insya Alloh dalan padang kang iso ngraketake sampeyan sakloron

lan ora kurang yo dik nyenyuwuno marang Gusti...
mugo Gusti paring palilah lan fadilah marang sampeyan sakloron..
Sabar lan Nrimo opo kang wus ginaris dening Gusti..

Tetepo ing dalan koyo opo kang wus kacontho ake dening Rosululloh.
tansah kuato ing Iman lan Islam..
amung iki dik kang iso aku titipake marang sampeyan..
ojo lali ngaji kang tertib..
wis yo dik... sing ati ati.

loro wuyung

aku ki lagi bingung...
kono nangis.. kene nagis..
sing kene njaluk tenanan.. tapi abot..
sing kono arep abot tapi tenanan..
yen tak pikir2... mungkin kudu mangkono dalane olah langen asmara.
koyo tansah kaulur lan ka odot.. sahinggo iso ndadekake... crito kang kasambung2
aku kepingin menowo saklorone iso sesambungan nganti tekaning wektu mbesuk
ora koyo saiki kang kebak sanepan..
kabeh bingung kudu arep mulai kepriye...
koyo2ne ndonyo wis petheng dedet..
ora ono sunaring lentera masio iku amung teko lampu ublik...
ahhh cak... sing sabar nglakoni urip yo cak..
ojo dadi ati lan ojo dadi pikiran kang iso ndadekake susute badan iro.
ojo digawe tambah susut ....
kulit kang sansoyo suwi sanyoyo ngatonake tumungkule balung
koyone wis ora pantes maneh menowo katambahan kanti abu kang apek..
wis ojo kapikiran maneh..
kabeh wis katulis lan catet dening Gusti
dilakoni cak dilakoni
ojo amung ngguyu kang kebak gurit
ananging ngguyu longgar koyo longgaring nafas.
ojo amung sesek kang kawetonake
ananging sawangen longgaring kamulyan kan wus Gusti paringake marang kita kabeh

abot

Opomaneh iki????? sambat????
Sejatining ora ono kang abot sakjroning ngalkoni urip ing alam ndonyo iki. Ananging kadang kolo ndadekake sirah mumet lan kudu dadi pikiran....
Alhamdulillah yo koyo mangkono urip manugso iku kang kaparingan pikirian dening Alloh. Sing ndadekake siji-sijine makluk Alloh kang diweni drajad duwur tinimbang makluk liyane..
Ananging,,.,.,., duwur lan cendek e drajad manungso amung kakukur kanthi takeran Taqwa lan Imane manungso iku marang Gusti Allloh Kanag murbeing Jagad.
Iyo to yoo..???
Subhanalloh.... wektu iki ora arep sambat utowo ngersulo nglakoni urip. Ananging amung iki ngudari uneg2 kang muntel kapendem ing jero dodho.. mugo iso ndadekake ati longgar..
Urip adoh keluargo, sakperlu golek cipratane rezekine Alloh kang koyone wus katetepake metu kangge aku ing oro2 wedi ing wektu iki. Saben dino amung tansah itang itung tanggal mugo iso'o enggal metuk ketemu keluargo maneh, lan ing pangajab mugo Gusti Alloh enggal nyipratake rezeki ing sacedake keluargo sahinggo iso kumpul bebarengan keluargo maneh.
"Abot.....????? ora jane..
Lamun kudu tansah sabar lan sabar koyo ngugemi dawuhe Gusti Alloh ing AlQur'an surah AlBaqoroh ayat 153 kang Insya Alloh maknane......:"........ saktemene Gusti Alloh iku nresnani manungso kang gelem nglakoni sabar"
Mugo kita kabeh termasuk golongane manungso kang sabar.
Amiin...